Nggawa

Penulis: Agus Priyo S

Tembung “nggawa” ana ing basa Jawa pranyata maneka werna tembunge. Sanajan mbokmenawa saben laladan beda-beda. Mula ayo disinauni bareng-bareng.

  1. Nyunggi = tembung iki nerangake nggawa barang utawa samubarang sarana, sirah utawa mustaka
  2. Manggul = tembung iki nerangake nggawa barang utawa samubarang sarana pundak
  3. Mikul = tembung iki nerangake nggawa barang utawa samubarang sarana pundak ditambah piranti kanga rang pikulan.
  4. Ngindhit = tembung iki nerangake nggawa barang utawa samubarang kanthi cara diselehake ana ing bangkekan
  5. Nggendhong = tembung iki nerangake nggawa barang utawa samubarang kanthi cara mapanake ana ing geger
  6. Ngemban = tembung iki nerangake nggawa barang utawa samubarang kanthi cara mapanake ana ing sisih ngarep
  7. Nyangking = tembung “nyangking” kang linggane cangking iki ngemu teges nggawa ananging sarana tangan bisa siji bisa uga tangan loro

Kajab apa kang wis disebut ana ing ndhuwur mbok menawa isih ana sebutan liyane kang durung kasebut, mula ayo dieling-eling bebarengan