Njajah Desa Milang Kori

Penulis: Agus Priyo S

Para sutresna buletin Lentera Kasih ingkang kinasih mbok menawi saperangan taksih kelingan kaliyan bebasan “Njajah Desa Milang Kori” sanajan kula ugi pitados saperangan malih saking para sutresna ugi mbok menawi sampun boten kelingan kaliyan bebasan punika.

Bebasan Njajah Desa milang Kori sejatosipun makna/ teges harafiahipun kadunungan saking tembung

  • Njajah Desa ingkang tegesipun ngrawuhi utawi ndugeni pinten-pinten papan
  • Milang Kori menawi menawi dipun maknani harafiah tegesipun ngitung lawing utawi kori

Ananging menawi dipun maknani kanthi sacara filosofis nggadhahi teges

  • Pengalaman urip kanthi cara pados wawasan utawi ilmu
  • Sosialisasi tegesipun sinau bab watak, tumindak, lan budaya masyarakat

Senajan bab punika ing titi wanci punika saged dipun tindakaken kanthi cara “on line” ananging sejatosipun bab punika, miturut pamanggih kula kirang trep awit ing babagan sosialisasi mbok nemawi kirang awit sinau bab kabudayan, lan watak sarta tumindak masyarakat punika langkung trep menawi dipun lampahaken kanthi cara langsung.

Pramila bebasan “Njajah Desa Milang Kori” punika langkung pas menawi dipun tindakaken kanthi cara langsung supados saged sinau bab watak, tumindak lan budaya. Boten namung ilmu ingkang inggil, nanging langkung penting nyinau bab watak lan tumindak. Mliginipun bab watak lan tumindak sasampunipun kagungan ilmu utawi seserepan